Saturday 27 July 2019

Contoh Anekdot Bahasa Jawa


Hasil gambar untuk anekdot

Anekdot merupakan sebuah cerita singkat dan lucu/menarik, yang mungkin menggambarkan atau orang sebenarnya. Anekdot bisa saja sesingkat pengaturan dan provokasi dari sebuah kelakar (Wikipedia). Tuladha:




RONDO KENA KEPRADA

Ing sawjining dina enek bocah jenenge Rondo. Dheweke bocah sing paling gak pinter sak kelase.Saben pelajaran dheweke mesthi dolanan hp. Nalika ulangan bijine mesthi neng ngisore biji sing paling endhek. Senajan dheweke oleh biji elek dheweke ora gelem sinau. Nalika pelajaran fisika dheweke keruhan yen dheweke dolanan hp nalika pelajaran, Rondo langsunng dihukum dikongkon nggrap soal sing angel dewe teka bukune gurune. Rondo sing wajahe aneh iku mau langsung maju, nalika ning ngarep Rondo plonga – plongo amarga ora iso ngerjakne soal sing diwenehi gurune mau. Gurune muring – muring lan ngenyek Rondo ora iso opo – opo.

Rondo langsung pegel karo gurune, nalika ning omahe dheweke kepikiran piye carane ben gurune gak ngelokne dheweke maneh. Nalika ndelok TV, Rondo ngewasi iklan jamu herbal ‘ TOLAK MISKIN DARI SIDOMLUMAH (ORANG PINTER NGOMBE TOLAK MISKIN)‘. Eroh iklan kuwi Rondo langsungtuku menyang warung ing ngguri omahe cedeke mbok Parni. Rondo langsung ngombe 5 sachet lan langsung turu. Sesuke nalika pelajaran fisika Rondo langsung maju lan pengen ngerjakne soal sing angel dhewe. Tapi Rondo panggah gak iso nggarap.Rondo krasa yen diapusi iklan ing TV, dheweke omong menyang gurune

“ Bu, kula padahal dek wingi sampun ngombe jamu supaya pinter bu, kok panggah mboten saget nggeh “ (Takon Rondo)
“ Oalah lele ben pinter iku ojo malah nggombe jamu, tapi sinau “ (Jawab Gurun karo mlilik – mlilik koyok mripate atene cepot)
“ Oalah ngonten to bu, kula salah ne bu” (Jawabe Rondo, karo ngusap umbel ning nduwur bibire)
“ Malah ngombe jam ‘TOLAK MISKIN’ , pinter gak, malah dadi gembel sampeyan ngko le le” (Omongane gurune karo lambene mengo mingkup)


            Sak wise kedadean kuwi mau Rondo malih ora tau sinau lan dheweke malah kerjo ing pabrik jamu sing ngapusi dheweke.

0 komentar:

Post a Comment